Sunday, June 23, 2013

Helm vs Blangkon

Guyon Ngapak Banyumasan
Neng Minggu esuk sing terang, Saino nunggang montor momong anak lanange sing aran Jebeng agepan meng alun-alun. Gole nunggang montor si Saino ora helm-an, ningen blangkonan.
Agi kepenak-kepenake nunggang montor liwat gili sing gemleser, ijig-ijig si Saino decegat kambi PULISI sing esuk kuwe pancen agi nganakna cegatan..

PULISI : "Sugeng enjing Pak...!".

SAINO : "Enjing ugi Pak...!".

PULISI : "Pak, kenangapa deneng mpean ora nganggo helm...?. Mbokan wis ngerti praturane wong nunggang montor kuwe wajib nganggo helm...?".

SAINO (ora wedi babar pisan) : "Oh, ayakuwe ya Pak... Ningen inyong mbokan wis blangkonan...?".

PULISI : "Ningen praturane kudu nganggo helm, ora kena sing liyane..!".

SAINO : "Blakan bae inyong ora setuju kambi praturan kuwe Pak..!".

PULISI : "Lho, deneng si..?".

SAINO : "Siki nyong agepan takon, helm kambi blangkon kuwat mendi jajal...?".

PULISI : "Mpean kepriwe si...? Ya cetha kuat helm lhaaa... Mulane njutan dewajibna helm-an..!".

SAINO : "Pak Pulisi ya salah...!".

PULISI : "Kepriwe si...?".

SAINO : "Kiyeh.. (njukut helm-e pak Pulisi) Jajal kiye agep tek banting meng aspalan, butul sepira kekuatane...!".

BRAKKK...!!!
Helm-e pak Pulisi sekal pecah, malah sigar dadi loro.

SAINO : "Kuweh.. Pecah mbokan Pak...?".

PULISI : (ndongong)

SAINO : "Siki gari blangkone inyong sing tek banting meng aspalan Pak..!".

TAPLUKKK...!!!
Blangkone si Saino wutuh ora bodhol semendhing-mendhinga mung mandan belok kena lebuh neng aspalan...

SAINO : "Kuweeeh... Iya mbokan...?".

GEDHUBRAAAGG...!!!

Pulisine sekal tiba kelumah, kejengkang kosi ngathang-ngathang...

Sumber: Agus Waluyo http://goo.gl/FYlLR

No comments:

Post a Comment