Thursday, June 20, 2013

RAPAT GURU

RAPAT GURU.......
Dong lagi rapat sekolah, ijig2 keprungu suara "duuut...", seru banget , jebul ana sing ngentut....... Guru2 pada clingak clinguk karo ngira2 sapa sing ngentut....??... terus guru2 mau pada koment :
_Guru Biologi: kiye jelas ciri khas mahluk hidup sing lagi proses metabolisme...
_Guru PKN : akeh2e bangsa timur kaya negarane dewek, wonge duwe sifat isin & pinter ngumpetna kekarepane....... duwe karep detahan2.. akhire kosi ra kuat....
_Guru Fisika : Jenenge iner power. yakuwe tenagane sepethil ning hasile gedhe banget
_Guru seni : Nek sekang nada swarane jelas..kiye nganggo kunci F nada dasare..
_Guru bhs Indonesia: Ambune angel dicritakna nganggo basa tulisan..
_Guru agama: kiye sing bisa mbatalna wudhu
_Guru geografi: Posisine ngetutna playune angin
_Guru Kimia: Jeneng kimiane H2S, zat sing bisa ngotori atmosfer.
_Guru Ekonomi : kiye contoh prinsip ekonomi. modale sithik ning untunge gedhe..
_Guru matematika: Ambune ora bisa di etung..ning bisa debagi2...
_Guru Sosiologi: termasuk penyimpangan sosial kiye....
_Guru Sejarah: bisa2 gawe perang dunia merga ambune….
_Guru olahraga sepak bola : nek nang bal2an jenenge umpan silang, mbosan ditendang unine seru banget bale kosi bisa njebol gawang..

KEPALA SEKOLAH : KURANG AJAAAAAARRRRR……
Rapat bubar…..!!!! Bubar..., bubar.....?! ( kesuh banget krungu komene guru2, kosi abang raine ... gela campur isin, merga swara duut..mau deweke sing ngetokna..)
hehehehe..........

No comments:

Post a Comment