Friday, June 21, 2013

Kyai karo Supir Angkot

Nang suarga ana kyai takon garo Malekat sing jaga Suarga.
Kyai (K) : salam kang Malekat..
Malekat (M) : salam wa kyai, priben ?
K : alhamdulillah nyong sukur nemen bisa nang suarga.., tapi nyong pan takon olih belih kang ?
M : Ya olih bae owh Wa, pan takon apa Wa?
K : Kye ngonong kang, nyong toran gemiyen kyai, sokan ceramah, tapi bisane nyong kur didalah nang suarga sing tingkat loro sih priben? padahal tanggane nyong si Dakrun, sing pegawean supir angkot, bisane bisa olih suarga sing luwih duwur.. priben sih kang?
M : Kye rika jawane protes apa priben Wa?
K : Protes sih ora kang... ya pengin ngarti bae priben ?
M : Kyeh rongokna Wa..., sampeyan gemiyen yen ceramah kwe kur gawe wong ngantuk utawa gemuyu ....., tapi si Dakrun supir angkot kwe dong nyupir sangkin ngebute ora karuan ,,, nganti sing numpak angkote pada ndonga kabeh ben slamet.... paham oya ?
K : ..... (kur mlongo...)
hehehehe.... ust kidding sedulur NDOBRES, kiye guyonan thok...!!!

No comments:

Post a Comment