Sunday, June 23, 2013

Kenet Keturon

Guyon Banyumasan
Neng terminal tegal, ibu2 nganter anak lanange numpak bis jurusan tegal-pw.kerto. Si ibu nitip maring kernete “mas, nitip anaku nek butul bumiayu gugahna ya” bise mangkat sepanjang jalan bocahe cerewet bin gujih takon terus maring kenete”pak, wis butul durung bumiayu?” Sedela2 takon maning takon terus nganti wong se BIS pd ruwing kesuh kr bocahe, akhire domongi neng kenete ” geh, pokoke ko turu bae mengko nek neng bumiayu tek gugah” akhire bocahe manut meneng trus turu. Penumpang+Kenete ya melu turu, jebule bise bablas wis butul ajibarang kenete tangi. Rumangsa salah karo bocahe, kenete duwe inisiatip takon karo penumpang “bapak2 ibu2 sedoyo, mau aku wis janji arep gugah bocah kiye nek wis butul bumiayu siki wis kelewat neng ajibarang, primen nek muter balik maning melasi mbok” para penumpang sing rumangsa salah tur melas ahire setuju. Bise muter maning, begitu tekan bumiayu digugah bocahe “dik, kiye wis neng bumiayu” langsung bocahe tangi, jenggelek bukak tas kresek jukut bungkusan rames terus mangan mrewel bgt. Kenete takon “wis neng bumiayu kiye, deneng ora mudun?” Bocahe jawab “aku arep ming purwokerto koh pak, mau mamake aku pesen nek wis butul bumiayu aku nembe olih mangan ramese kiye mulane kon digugah. :D :D :D

No comments:

Post a Comment