Monday, June 10, 2013

Keturon nang Bioskop

Dhulur-dhulur tinimbang stress kiye pada maca bae Horor Banyumasan:

Sakwijing dina nang bioskop Rajawali Purwokerto. Esuk-esuk jam 8 tilpun muni nang meja loket bioskop…
Kartam: “Halo… Halo, Kang. Arep takon kiye…, bioskop bukake jam pira?” 
Penjaga: “Jam siji, Kang!” 
Kartam: “Lho apa ora teyeng bukak jam sanga bae?” 
Penjaga: “Ora teyeng Kang… Pas jam siji bukake!”
Pas jam sewelas, tilpun muni maning…
Kartam: “Halo… Halo, Kang. Bioskop bukak jam pira?”
Penjaga: “Kowe sing mau nilpun ya? Mbokan uwis diomongi bukake jam siji.”  
Kartam: “Jam rolas bae Kang.”
Penjaga: “Ora teyeng, kiye dudu bioskope Kakine…”
Kartam: “Ya ngenyang titik-lah, bukak jam setengah siji ya?”
Penjaga (mulai kesuh): “Jane ngapa si kowe? Angger ora, ya ora. Apa kowe arep nonton maning? Kayane koh ora sabaran temen sih!”
Kartam (karo mbengok-bengok): “Kiye nyong kekunci nang njero Kang… Mau bengi bubaran pilem nyong keturon langka sing nggugah. Tulung bukakna lawange Kang…!”
Penjaga: “La mbok ngomong awit mau tuli…! Dasar wong gemblung…!”
cekakakakakakkakak :D :D :D :D

No comments:

Post a Comment